Tampilkan postingan dengan label Tembang Macapat. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Tembang Macapat. Tampilkan semua postingan

Selasa, 06 April 2010

Pucung

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara

Guru Gatra : 4

Guru Lagu : u, a, i, a
Guru Wilangan:12, 6, 8, 12

Sesindhetan Tembang Pucung:
Menawi badhe ngudi ngelmu iku kedhah kanthi laku ingkang temen. Supados gesangipun dados mulya lan supados mbrantas laku ingkang mboten sae.

Gambuh

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula- tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Guru gatra : 5
Guru lagu : u,u,i,u,o
Guru wilangan: 7,10,12,8,8